Lumut kerak
From Wikipedia, the free encyclopedia
Lumut Kerak (jeneng ngèlmiahé Lichenes) ya iku wujud saka simbiosis mutualisme antarané ganggang karo miselium jamur kang urip ing watu, wit, utawa ing témbok gedhong.[1] Jinis jamur kang simbiosis iki lumrahé saka golongan Ascomycota lan Basidiomycota, déné ganggangé lumrahé saka golongan Cyanophyta utawa Chlorophyta.[1] Lumut kerak urip kanthi cara epifit ing wit-witan, bisa uga tukhul ing dhuwur lemah, mligi ing tlatah tundra ing Kutub Lor.[2] Lumut kerak migunani kanggo kawanguné lemah lan ngremukaké watu, saéngga lumut kerak diarani tuwuhan perintis.[2] Lumut kerak bisa tahan urip suwé ing kaanan garing.[2] Nalika garing lan kena srengéngé terus, lumut dadi garing nanging ora mati.[2] Nalika udan, lumut kerak tuwuh manèh.[2] Lumut kerak saguh nganakake fotosintesis amarga nduwé klorofil. Fotosintesis bisa kadadéan yèn kadar banyu kira-kira 65-90 %. Nalika kaanan garing, prosès fotosintesis mandheg. Reprodhuksi Lumut kerak ya iku kanthi cara aseksual (fragmentasi lan soredium).
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |