Lonthong cap go mèh
From Wikipedia, the free encyclopedia
Lonthong Cap Go Meh inggih punika masakan adhaptasi Peranakan Tionghoa Indonesia dhumateng masakan Indonesia, mliginipun masakan Jawa. Sajian punika wonten lonthong kaliyan opor ayam, jangan lodeh, sambel gorèng ati, acar, pindhang tigan, abon sapi, bubuk koya, sambel, lan krupuk. Padatanipun lonthong Cap Go Meh dipundhahar kulawarga Tionghoa Indonesia nalika karaméan Cap go meh, inggih punika gangsal welas dinten bibar Imlek.[1] Nanging sapunika dhaharan punika asring dipunsajèkaken kapan kemawon boten namung nalika cap go meh.
Sunyata Rikat Ajangan, Panggonan asal ...
Ajangan | Sajian utama |
---|---|
Panggonan asal | Indonesia |
Digawé | Tionghoa Indonesia ing Pulo Jawa |
Hawa ajangan | Panas utawi suhu ruangan |
Woworan pokok | Lontong dipunsajèkaken kaliyan opor ayam, sayur lodèh, sambel gorèng ati, pindang tigan, bubuk koya, sambel, lan krupuk |
Buku masakan: Lonthong Cap Go Mèh Médhia: Lonthong Cap Go Mèh |
Tutup