Katé putih
jinis turahan lintang kang akèh pérangané dumadi saka materi degenerasi èlèktron / From Wikipedia, the free encyclopedia
Katé putih, uga diarani katé degenerasi, iku lintang cilik sing wis ora sumunar manèh, kapérang saka materi kadegenerasi. Katé putih dikira minangka tahap évolusi pungkasan lintang kanthi massa cilik lan sedheng.
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
Sifat sing ora biyasa saka katé putih pisanan ditepungi ing taun 1910 déning Henry Norris Russell, Edward Charles Pickering lan Williamina Fleming; jeneng katé putih dipigunakaké déning Willem Luyten taun 1922.