Limpa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Limpa iku klanjer tanpa saluran (ductless) kang magepokan karo [[sistem saliyané sirkulasi]] lan duwé fungsi ngajuraké sèl getih abang tuwa. Limpa kalebu salah siji organ sistem limfoid, saliyané timus, tonsil, lan klanjer limfe.[1] Sistem limfoid duwé fungsi kanggo ngayomi awak saka karusakan akibat dat asing. Sèl-sèl ing sistem iki ingkenal minangka sèl imunokompeten yaiku sèl kang mampu mbédakaké sèl awak karo dat asing lan nyelenggarakaké inaktivasi utawa perusakan barang-barang asing [2]. Sèl imunokompeten dumadi saka
- sèl utama obah, yaiku sèl limfosit lan makrofaga, lan
- sèl utama netep, yaiku retikuloendotel lan sèl plasma [2].
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/72/Gray1217.png/220px-Gray1217.png)