Omah Limasan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Omah Limasan iku wangun umah adat Jawa sing payoné awangun limas. Omah Limasan iki kaciri saka payoné sing duwé 4 (papat) babagan sisih, nganggo dudur. Akèh-akèhé kanggo papan padunungan. Perkembangan saka wangun iki yèn ditambah èmpèr utawa serambi, sarta sawatara ruangan bakal kacipta wangun-wangun sinom, kutuk ngambang, lambang gantung, trajumas, lan liya-liyané[1].