![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/b0/COLLECTIE_TROPENMUSEUM_Woonhuis_met_erf_in_een_kampong_TMnr_60046155.jpg/640px-COLLECTIE_TROPENMUSEUM_Woonhuis_met_erf_in_een_kampong_TMnr_60046155.jpg&w=640&q=50)
Omah adat Jawa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Omah adat Jawa sing umum ditepungi ya iku omah utawa omah sing duwé gagrag arsitèktur joglo, saliyané iku uga ana omah sing diyasa nganggo gagrag arsitèktur liya, kaya ta: limas, dara gepak, joglo trajumas, lan yasan liya upamané sasana suka.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/b0/COLLECTIE_TROPENMUSEUM_Woonhuis_met_erf_in_een_kampong_TMnr_60046155.jpg/640px-COLLECTIE_TROPENMUSEUM_Woonhuis_met_erf_in_een_kampong_TMnr_60046155.jpg)
Omah adat Jawa sing isih pepak lan nduwé aji-aji budaya Jawa ya iku sing nduwé 3 pérangan yasan, saka ngarep ana pendhapa sing diapi 2 yasan liya sing rada cilik lan mapan rada ing arepan yasan pendhapa. Pérangan tengah ana pringgitan lan pérangan mburi dhéwé ana dalem.
Omah ing désa-désa lan padunung lumrahé tunggal lan diyasa nganggo gagrag arsitèktur dara gepak. Wangunan iku béda karo yasan gaya saiki utawa asring diarani 'omah prasaja'.