Pasarékatan Bangsa-Bangsa
organisasi antarbangsa lan antarpapréntahan global / From Wikipedia, the free encyclopedia
Pasarékatan Bangsa-Bangsa (ꦥꦱꦫꦺꦏꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦧꦁꦱꦧꦁꦱ) utawi kasingkat PBB (basa Inggris: United Nations utawi kasingkat UN) punika satunggaling organisasi internasional ingkang anggotanipun méh sadaya nagari ing donya. Lembaga punika dumadi kanggé maringi fasilitas ing hukum internasional, pangamanan internasional, lembaga ékonomi, lan pangayoman sosial.
- Artikel punika prakawis Perserikatan Bangsa-Bangsa. Kanggé pangertosan sanès PBB mangga pirsani PBB (disambiguasi).
| |||
Basa Resmi | Inggris, Mandarin, Prancis, Rusia, Arab, Spanyol | ||
Sekretaris-Jendral | Ban Ki-moon (wiwit 2006) | ||
Dipunadegaken | 24 Oktober 1945 | ||
Cacahing anggota | 192 | ||
Markas | New York City, NY, AS | ||
Situs resmi | http://www.un.org/ | ||
kothak iki |
Pasarékatan Bangsa-Bangsa dipunadegaken ing San Francisco tanggal 24 Oktober 1945 sasampunipun Konferensi Dumbarton Oaks ing Washington, DC, nanging Sidang Umum ingkang kapisan-dipunrawuhi wakil saking 51 nagari-nembé lumampah tanggal 10 Januari 1946 (ing Church House, London). Saking taun 1919 dumugi taun 1946, wonten satunggal organisasi ingkang mirib, namanipun Liga Bangsa-Bangsa, ingkang saged kaanggep dados pendhahulunipun PBB.
Kawit kaadegaken ing San Francisco tanggal 24 Oktober 1945 sakedhikipun 192 nagari dados anggota PBB. Sedaya nagari ingkang kagabung ing wadhah PBB nelakaken independensinipun piyambak-piyambak, kejawi Vatikan lan Takhta Suci sarta Républik Cina (Taiwan) ingkang kagabung ing lebet wewengkon Tiongkok taun 1971.
Ngantos taun 2007 sampun wonten 192 nagari Anggota Perserikatan Bangsa-bangsa. Sekretaris Jenderal Ban Ki-moon saking Koréa Kidul ingkang sapunika njabat wiwit 1 Januari 2007.