![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/82/SEM_blood_cells.jpg/640px-SEM_blood_cells.jpg&w=640&q=50)
Leukosit
From Wikipedia, the free encyclopedia
Leukosit utawa sèl getih putih (sel darah putih) (Inggris: white blood cell, WBC, leukocyte) ya iku salah sawijiné sel kang mbentuk komponèn getih. Leukosit iki nduwé kagunan kanggo mbantu awak nglawan manéka jinis lelara minangka péranganing sistem kekebalan awak. Leukosit ora nduwé warna, nduwé inti sèl, bisa obah kanthi amoebeid, lan bisa nembus dindhing kapiler kang diarani kemampuan diapedesis.[1] Leukosit nduw wujud kang manéka warna lan uga ukuran kang luwih gedhé tinimbang eritrosit.[1] Ing kaanan normal kaandhut 4x109 hingga 11x109 leukosit saben liter getih manungsa kang waras udakara 7000-25000 sel saben tètès. Ing saben milimèter kubik getih ana 6000 nganti 10.000 (rata-rata 8000) leukosit.[1] Ing kasus lelara leukimia gunggungé bisa mundhak nganti 5000 sèl saben tètès.[1]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/82/SEM_blood_cells.jpg/640px-SEM_blood_cells.jpg)
Ing awak, leukosit ora nduwé gegayutan tenanan karo organ utawa jaringan tartamtu. Leukosit kerja dhéwé kaya ta organisme sel tunggal. Leukosit bisa obah sagelemé lan interaksi uga nyekel serpihan sel, partikel asing, utawa mikroorganisme kang nyusup. Kajaba iku, leuksoit ora bisa nyigar dhiri utawa reproduksi nganggo carané dhéwé, nanging kasil saka sel punca hematopoietic pluripotent kang ana ing sungsum balung.
Leukosit turunan ya iku: sel NK, sel biang, eosinofil, basofil, lan fagosit kalebu makrofaga, neutrofil, lan sel dendritik.