Lelana akasa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Lelana akasa utawa pangulandaran akasa iku eksplorasi fisik saka barang ing njaba Bumi lan racaké nganggo tèknologi, ngèlmu kawruh, lan pulitik kang duwé ana gandhèng cènèngé karo jaba akasa.[1] Salah sijiné kang paling kondhang lan pérangan wigati saka jelajah akasa ya iku pandharatan pisanan manungsa ing wulan nalika ing perlombaan akasa antarané Amérikah Sarékat lan Uni Sovyèt.[1]
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
Ide ngirim objek nign akasa ana ing jero pikiran saka penulis sains fiksi atusan taun sadurungé dadi kanyataan.[1] Ing karya-karya tulis uga nggambaraké kepiyé carané bisa nglakoni.[1] Ing abad 20, manut jumlah propulsi teknologi kang cukup, material kang kuat lan ènthèng nganggo kecanggihan tèknologi lan sains liyané, ide misi jaba bumi wis ora mung ana ing ngimpi, nanging dadi sawijining kanyataan.[2]
Museum National Air and Space (National Air and Space Museum, NASM) ing National Mall ing Washington, D.C. masang conto watu saka bulan kang bisa didelok lan dicekel para kang mirsani, kapsul Gemini lan roket Soviet.[2] Steven F. Udvar-Hazy Center ing Dulles International Airport ing Virginia Utara mamèrké akèh tèknologi aerospace ing sak papan: Pesawat luar akasa Enterprise, pesawat Concorde lan isih ana pesawat lyané.[2]