From Wikipedia, the free encyclopedia
Lauryn Hill lair ndhik South Orange, New Jersey tanggal 26 Mèi 1975.[1] Dhèwèkné nduwé jeneng dawa ya iku Lauryn Noelle Hill.[1] Dhèwèkné uga dikenal karo jejuluk Ms. Hill.[2] Profèsiné ya iku dadi prodhuser musik, penulis lagu, penyanyi, lan artis televisi.[1] Pirang-pirang taun dhèwèkné tau ngeklaim lèk wis nikah karo Rohan Marley.[3]
Lauryn Hill nerobos kesuksesan liwat menang Grammy Awards karo The Fugess. Taun 1998 dhèwèkné debut solo sing sesirahé albumé ya iku The Miseducation of Lauryn Hill. Dhèwèkné sukses nggabungné gaya Rap, Soul, lan Reggae.[4] Albumé iku keadol 12 juta kopi lan dhèwèkné éntuk panghargaan Grammy Awards, American Music Awards, Billboard Award, Soul Train Award lan MTV Music Award.[1]
Kejaba iku dhèwèkné uga ngrekam ulang laguné penyanyi kondhang taun 1965 Nina Simone sing judhulé Feeling Good.[5] Awalé Lauryn mung nduwè rencana kanggo sak lagu nangin ndhik lampahé wektu dhèwèkné ngrekam patang lagu, kaya ta Don"t Let Me Be Misunderstood lan I Put A Spell On You.[5]
Jeneng-jeneng bekèn kaya ta Jazmine Sullivan, Usher, Mary J lan Blige uga nyumbangné suarané.[5]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.