![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d9/Larry_Ellison_on_stage.jpg/640px-Larry_Ellison_on_stage.jpg&w=640&q=50)
Larry Ellison
From Wikipedia, the free encyclopedia
Lawrence Joseph Ellison (lair ing Manhattan, New York, Amérikah Sarékat, 17 Agustus 1944; umur 79 taun) inggih punika satunggalipun tiyang saking Amérika ingkang kawentar minangka ratu bisnis, pandiri lan chief executive Oracle Corporation, satunggalipun perusahaan ageng prangkat lunak.[1] Ing taun 2011, panjenenganipun dados tiyang paling sugih kaping gangsal sadonya,[2] kanthi kasugihanipun 39.500.000.000 dollar Amérikah Sarékat.[3]
Larry Ellison | |
---|---|
![]() | |
Lair | Lawrence Joseph Ellison (1944-08-17) Agustus 17, 1944 (umur 79) Manhattan, New York City, A.S. |
Pakaryan | Wakil Pendiri dan CEO, Oracle Corporation |
Gajih | US $1.0 juta (2009) |
Bebathèn resik | ![]() |
Bojo | Adda Quinn (o. 1967–74) Nancy Wheeler Jenkins (o. 1977–78) Barbara Boothe (o. 1983–86) Melanie Craft (o. 2003) |
Anak | 5 |
Sana jaringan | Ellison at Oracle.com |
Lawrence Joseph Ellison miyos ing Bronx, New York.[1] Ibunipun nitipaken Ellison dhateng bulik lan paklikipun supados dipunopèni ngantos ageng.[1] Ellison ageng ing apartemén ing kutha South Side.[1] Ngantos yuswa kalih welas taun Ellison boten ngertos manawi dipunadhopsi.[1] Bapak angkatipun kicalan bisnis real estate saéngga lajeng nyambut damel dados auditos kanggé otoritas perumahan publik.[1] Wiwit alit, panjenenganipun gadhah bakat ing matematika lan ngèlmu pangetahuan.[1] Ellison sekolah matematika ing Universitas Illinois.[1]
Nalika ujian ingkang pungkasan ing taun kaping kalih kuliahipun, ibu angkatipun tilar donya saéngga panjenenganipun lajeng medal saking sekolah.[1] Panjenenganipun lajeng ndhaftar ing Universitas Chichago, nanging lajeng medal malih ing semester kapisan.[1] Rama angkatipun gadhah pamanggih manawi Ellison boten badhé suksés.[1] Nanging, Ellison gadhah bakat ing babagan dhasar-dhasar pamrograman komputer ing Chichago.[1] Panjenengan lajeng nyambut damel ing Berkeley, California.[1] Sadangunipun wolung wulan salajengipun, Ellison gantos saking padamelan satunggal ngantos padamelan sanèsipun, nyambut damel minangka téknisi ing Fireman Fund lan Wells Fargo Bank.[1]