Laptop
komputer pribadi hotspot foldable kanggo nggunakake seluler From Wikipedia, the free encyclopedia
komputer pribadi hotspot foldable kanggo nggunakake seluler From Wikipedia, the free encyclopedia
Laptop uga ditepungi minangka notebook utawa netbook, ya iku komputer jinjing kang bisa digawa menyang ngendi-endi kanthi gampang.[1] Laptop iku kalebu komputer génerasi IV.[1] Laptop iku komputer pribadi kang ukurané rada cilik, bisa digawa menyang ngendi-endi lan bisa dipangku nalika dianggo, kasusun saka saprangkat kaya ta papan tombol, layar, mikroprosessor, lan padatan dijangkepi karo batere kang bisa diisi manèh.[2] Laptop nduwé komponèn-komponèn kang dirancang mirunggan.[3] Komponèn-komponèné béda saka komputer pribadi (PC).[3] Komponèn kang nyusun laptop iku ukurané cilik, irit ènèrgi, lan èfisièn.[3] Laptop boboté kurang luwih 1–6 kg.[2] Sumber listrik kang dianggo laptop iku saka batere utawa A/C adaptor kang bisa dianggo kanggo ngurubaké laptop iku dewe.[2] Bateré laptop lumrahé bisa kuwat nganti 6 jam.[2] Padatan laptop nganggo layar LCD (Liqiud Crystal Display) kang ukurane 10 inci nganti tekan 17 inci.[1] Saliyané iku papan ketike (keyboard) uga dijangkepi karo touchpad sing gunané kanggo ngobahake mouse.[2] Padatan laptop gedhé kaya notebook, kandelé antarané 0,7-1,5 inci utawa 18–38 mm lan alang-ujur wiwit 10x8 inci utawa 27x22 cm.[2] Kang mbedakake antara notebook lan netbook ya iku netbook duwé output device sing winates, uga padatan ora duwé optical drive.[4]