![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/ac/Posada2.Catrina.jpeg/640px-Posada2.Catrina.jpeg&w=640&q=50)
La Catrina
From Wikipedia, the free encyclopedia
La Calavera Catrina ('Dapper Skeleton', 'Elegant Skull') utawa Catrina La Calavera Garbancera iku sawijining kagunan (ing basa Indonésia: seni) étsa ing sèng kang kondhang ing taun 1910–1913 lan digawé déning juru cithak saka Mèksiko, juru ilustrasi kartun, the Mexican printmaker, cartoon illustrator lan juru litografi, José Guadalupe Posada.[1] La Catrina iki minangka gambaran satir saka wong asli Mèksiko kang dirasa déning Posada seneng niru-niru utawa péning mèlu-mèlu ngadhaptasi tradhisi aristokrat saka Éropah ing jaman pra-révolusi. La Catrina wis dadi sawijining ikon ing Mèksiko nalika mèngeti Día de Muertos utawa "Dinané wong Mati".
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/ac/Posada2.Catrina.jpeg/640px-Posada2.Catrina.jpeg)
Kagunan étsa ing sèng iki nggambaraké bleger jrangkong wanodya kang nganggo topi. Chapeau en attente kang ana ing dhèwèké iku gegayutan karo gagrag Éropa ing wiwitané abad ka-20. Wedharan asliné nggambaraké sawijining wong kang isin karo asal asliné (origin) nuli dhèwèké macak nganggo klambi kang niru-niru wong Perancis, uga nganggo makeup kang kandel banget supaya kulité kétok luwih putih.[2] Ing wedharan iki uga ana tembung garbancera, sawijining julukan kanggo ngrujuk marang wong asli kono kang gawéané niru-niru budaya Éropah lan mungkiri warisan kabudayan asliné dhéwé.[3][4]