Kéwan klangenan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kéwan klangenan ya iku kéwan kang diingu manungsa mligi mung kanggo kanca padinan murih kasenengan. Kéwan klangenan diingu tanpa itungan untung rugi, ora kaya kéwan liyané kaya ta rajakaya, kéwan tunggangan lan kéwan pacoban ing laboratorium.
Kéwan klangenan awèh manfangat kanggo bendarané rupa manfangat fisik lan émosional. Lelungan lumaku karo nuntun asu bisa kanggo srana olahraga, oleh hawa resik lan interaksi sosial. Kéwan klangenan bisa kanggo kanca tumrap kaki nini kang pasrawungané ing masarakat wis suda utawa kang wis urip dhéwèkan.
Kéwan klangenan kang paling umum ya iku asu (mligi ing nagara Éropa) lan kucing. Saliyané kuwi uga terwelu, garangan; jinis kéwan rodentia kaya ta gerbil, hamster, chinchilla, tikus putih, lan marmut; kéwan jinis manuk , kaya ta perkutur, parkit, kenari, kakak tuwa, lan pitik; jinis reptil kaya ta bulus, kadal lan ula; kéwan banyu, kaya ta iwak mas, arwana, koi, louhan lan kodhok-kodhok; lan saka arthropoda kaya ta tarantula lan pong-pongan.