From Wikipedia, the free encyclopedia
Kweni utawa kuwèni (Mangifera × odorata Griffith) ya iku sawijining jinis pelem-peleman kang isih sedulur karo bacang. Tetuwuhan iki nduwé woh kang arum lan daging wohé ora agal. Daging woh kwèni luwih padhet tinimbang bacang lan seraté luwih alus. Kwèni iki ana ing antarané pelem lan bacang, lan para ahli uga nganggep kwèni iki hibrida antarspesies alami antarané pelem lan bacang.
Kwèni | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Eudicots |
Unranked: | Rosids |
Ordho: | Sapindales |
Famili: | Anacardiaceae |
Génus: | Mangifera |
Spésies: | M. odorata |
Jeneng binomial | |
Mangifera odorata Griff.[2] | |
Uwité ukurané sedheng, dhuwuré antara 10-15 (arang nganti 20) m. Batangé lurus karo tajuk bundher utawa élips terus dadi ambar. Kabèh bagéan tuwuhan iki manawa tatu, bakal ngetokaké getah kang ambuné kaya tèrpentin. Getahé awalé bening, nanging suwé-suwé dadi coklat semu ireng lan marakaké gatel ing kulit.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.