Kué Mangkok inggih punika salah satunggaling dhedhaharan tradhisional ingkang kadamel saking glepung beras. Dipunwastani kué mangkok amargi wujudipun kué ingkang mekrok kados mangkok. Kué mangkok ingkang kalebet jajanan pasar punika dipunbiwarakaken kaping pisan déning imigran saking Tiongkok sisih kidul.
Déné bahan dhasar kanggé damel kué mangkok inggih punika glepung beras ingkang dipuncampur kaliyan glepung terigu, tapé saking téla, gendhis, lan sapanunggalanipun.
Kanggé damel kue mangkok dipunbetahaken bahan-bahan ing ngandhap punika:
175 gram glepung beras
175cc toya adhem
100 gram tape saking tela (dipunpilih ingkang empuk)
Manawi adonan sampun dados, lajeng cithakan kue mangkok ingkang sampun wonten dipunpanasaken rumiyin nganggé dandang ingkang sampun umub.
Salajengipun, adonan saged dipunlebetaken wonten ing cithakan ngantos cithakanipun kebak. Utawi manawi cithakanipun nganggé ron gedhang, adonan saged langsung dipuncithak wonten ing ron gedhang ingkang sampun dipundamel kados mangkok, nembé dipundang adonanipun.