From Wikipedia, the free encyclopedia
Drs. Kuswanto H., MM. (lair ing Wonogiri, 12 April 1951; umur 67 taun) yaiku Kepala Dinas Dikpora Surakarta wiwit 28 Mei 2004 tekan saiki.[1] Piyambakipun minangka pemimpin kang disiplin lan duwe prinsip "Urip iku rekasa lan ngibadah" tegese urip iku mung sedhela mula saka iku kudu golek sangu sakdurunge mati. merga saka kui, wektu dadi piranti kang penting kang kudu dimanpangatake kanggo ngibadah lan kagiyatan kang manpangati marang liyan. piyambakipun demen ngisi wektu longgare kanthi ngarang buku utawa plesir menyang gunung utawa sagara kaliyan kaluwargane. miturut pamanggihe, dadi pemimpin iku kudu nduwèni dhisiplin kang dhuwur, sakliyane iku kudu bisa menehi tuladha kang apik, jujur lan paling penting saka iku yaiku kudu wani aruh-aruh lan kudu wani diaruhi. nalika taun 1977 tekan saiki piyambakipun uwis nulis 172 buku kang wis diterbitake minangka acuan pasinaon ing sekolah-sekolah. saka saakehe buku kang paling sukses yaiku Buku IPS Geografi kanggo SMP kang dipundhut marang Bank Dunia 1999.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.