Kusir inggih punika tiyang ingkang nggelak kudha utawi jaran saking nginggilipun rata, dhokar, andhong, lan kendharaan sapanunggalanipun ingkang dados srana titihaning pra penumpang.

 
ꦗꦮ
   
Kusir ing Boston, Massachusetts, 1902
Pak Karmin, salah sawijining kusir dhokar ing Kutha Nganjuk nalika mangkat laut ninggal koplakan, 2021
Kusir saking Rusiya, gambar kapundhut saderengipun warsa 1917 - kendhit kang kaagem dening kusir nuduhaken kasugihaning bendaranipun

Ayahan kang utama tumrap para kusir inggih punika nyepeng kendhalining jaran (utawi kewan sanes kadosta bagal). Wonten kahanan mligi, anggenipun ngayahi karya, kusir kerep kabiyantu dening pekathik ingkang bakal ngrencangi kusir kagem nangani kahanan punapa kemawon kang boten saget dipunkontrol kusir saking nginggilipun rata.

Ageman Livery gagrak Swedia kagem pekathik.

Étimologi

Tembung "kusir" punika salah satunggaling tembung serapan saking tembung Basa Wlandi "koetsier". Tembung "koetsier" piyambak kaanggit saking tembung "koets" ingkang ngemu suraos "rata".

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.