Kumarin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kumarin ya iku senyawa metabolit sekunder wujud lenga atsiri kang kadhapur mligi saka turunan glukosa nonatsiri nalika prosès dadi tuwa utawa nalika lara.[1] Iki wigati mligi ing tuwuhan alfalfa lan semanggi legi kang kumarinne nyebabake ambon-ambon kang kas sakawit sawisé kaloro tuwuhan mau dibabat.[1] Para paneliti wis ngembangaké galur semanggi tinamtu kang ngandhut sithik kumarin lan galur liyané kang ngandhut kumarin kanthi wujud terikat.[1] Kabèh galur mau kanthi ékonomi wigati banget amarga kumarin-bébas bisa owah dadi produk kang ngandhut racun, dikumarol, yèn semanggi rusak nalika panyimpenan.[1] Dikumarol ya iku senyawa antipenggumpalan kang nyebabake lelara semanggi legi (lelara perdarahan) ing kéwan ruminansia (pemamah biak kaya sapi) kang mangan tuwuhan kang ngandhut dikumarol.[1]
Kumarin | |
---|---|
2H-chromen-2-one | |
Jeneng liya 1-benzopyran-2-one | |
Identifikasi | |
Nomor CAS | [91-64-5] |
PubChem | 323 |
SMILES | O=C1\C=C/c2ccccc2O1 |
InChI | 1/C9H6O2/c10-9-6-5-7-3-1-2-4-8(7)11-9/h1-6H |
Sifat | |
Rumus molekul | C9H6O2 |
Massa molar | 146.143 |
Densitas | 0.935 g/cm³ (20 °C) |
Titik leleh |
71 °C |
Titik umob |
301 °C |
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa) |
Skopoletin ya iku kumarin racun kang sumebar ing tuwuhan lan kerep ditemoni ing kulit wiji.[1] Skopoletin minangka salah siji senyawa kang dinuga nggondeli thukuling wiji tinamtu, nyebabake dormansi nganti senyawa mau kaumbah (tuladhané, déning udan kang lumayan deres saéngga kelembapane cukup tumrap modoting kecambah).[1] Dadi peranane ya iku minangka penghambat alami thukuling wiji.[1]