From Wikipedia, the free encyclopedia
Kula Kangri utawi limrahipun misuwur kanthi nama “The Kula Kangri Snow Mountain” papanipun manggèn wonten ing kutha Prefektur Shannan Lhozhag. Salah satunggaling sekawan Kamiyama, minangka dados tlatah pusatipun Tibet. Kula Kangri minangka gunung ingkang katutup déning salju, ingkang inggilipun 7.538 mèter. Jalur utami gunung punika wonten ing samadyaning pagunungan Himalaya, gunung ingkang katutup déning salju sadaya tigang puncakipun. Kula Kangri minangka gunung ingkang gadhah enam puncak inggilipun rata-rata 7.000 mèter. Manawi dipunpirsani saking tebih, puncak-puncak gunung punika katingal jejer-jejer. Punggung ingkang wonten ing sisih lèr kaliyan kidulipun dumadi skaing tebing watu ingkang ageng. Wonten ing sacelakipun Ngarai dumadi sekawan gletser sisih lèr saking kalih kilomèter.[3] Gletser punika dados sesawangan, amargi dumadi saking tebing es kaliyan dinding es, pèrèng ingkang curam, asring dipuntemoni longsoran, wonten swanten gludhug.[4]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.