![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/01/Gedung.Merdeka.jpg/640px-Gedung.Merdeka.jpg&w=640&q=50)
Konferènsi Asia-Afrika
From Wikipedia, the free encyclopedia
Konferènsi Tingkat Tinggi Asia–Afrika (disingkat KTT Asia Afrika utawa KAA; sok-sok uga karan Konferènsi Bandung) iku konferènsi antarané nagara-nagara Asia lan Afrika, sing akèèh-akèhé nembé mardika. KAA diadani déning Indonésia, Myanmar (biyèn Burma), Sri Lanka (biyèn Ceylon), India lan Pakistan lan dikoordinasi déning Mantri Manca Nagara Indonésia Sunario. Patemon iki dumadi tanggal 18 April-24 April 1955, ing Gedung Merdeka, Bandung, Indonésia kanthi tujuan mromosikaké kerja bebarengan babagan ékonomi lan kabudayan Asia-Afrika lan nglawan kolonialisme utawa neokolonialisme Amérikah Sarékat, Uni Sovyèt, utawa nagara imperialis liyané.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/01/Gedung.Merdeka.jpg/320px-Gedung.Merdeka.jpg)
Konferènsi iki akiré nggawa marang kawanguné Gerakan Non-Blok nalika taun 1961.