![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/2e/Cholesterol_lettering_numbering.svg/langjv-640px-Cholesterol_lettering_numbering.svg.png&w=640&q=50)
Kolesterol
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kolésterol yaiku molekul lemak ing jero sél kang dipérang dadi LDL, HDL, total kolésterol lan triglisérida.[1] Sejatiné kolésterol iku komponén lemak.[1] Kaya kang wis dimangerténi déning masarakat yèn lemak iku zat gizi kang diperlokaké awak saliyané karbohidrat, kalsium, lsp.[1] Lemak iku sumber énergi kang ménéhi kalori paling dhuwur.[1] Kolésterol iki sajatiné zat kang wigati kanggo awak, nanging nalika cacahé wis kakéhan bisa marakake lelara.[1] Kakéhan kolésterol iku mau bisa marakaké aterosklerosis, yaiku saya ciuté pembuluh getih utawa marakaké saya atos pembuluh getih. Yèn wis kaya mangkonobakalé dadi cikal bakal lelara jantung lan stroke.
![Struktur kimia kolesterol](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/2e/Cholesterol_lettering_numbering.svg/640px-Cholesterol_lettering_numbering.svg.png)