Kodon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kodon (kodhe genetik) inggih punika dèrèt nukleotida ing mRNAingkang kapèrang saking kombinasi tiga nukleotida urut[1] yang menyandi suatu asem amino tertentu[2] pramila asring dipunsébat dados kodon triplet.[3] Asam aminoingkang dipunsandiakén tuladhanipun metionin déning urutan nukleotida ATG (AUG pada RNA).[3] kathah asem amino ingkang dipunsandiaken kaliyan langkung saking satunggal jénis kodon.[4] Kodon panggènanipun ing molèkul mRNA.[5] Penerjemahan mRNA dados protéin dipunlampahi ing ruas penyandi ingkang diapit déning kodon awal (AUG) dan kodon pungkasan (UAA, UAG utawa UGA), ruas punia dipunsebat gen.[6] Kodon ing molèkul mRNA saged nyandi asem-asem amino jalaran bantuan interpretasi kodon déning tRNA.[5] Saben tRNA mbeta satunggal jinis asem amino ingkang jumbuh kaliyan tiga urutan nukleotida utawi triplet ingkang dipunsebat kaliyan antikodon ingkang wonten ing simpul antikodon tRNA.[5] Antikodon ningkataken piyambak kanthi komplementer ing kodon ing mRNA, pramila asem amino ingkang dipunbeta déning tRNA jumbuh kaliyan kodon ingkang wonten ing mRNA.[5]. pesan genetik dipuntransalsi kodon demi kodon kaliyan cara tRNA mbeta asem amino jumbuh antikodon ingkang komplementer kaliyan kodon saha ribosom ingkang gegayutan asem-asem amino mau dados suatu rantai polipeptida.[5] Ribosom nambahaken saben asem amino ingkang dipunbeta déning tRNA ing ujung rantai polipeptida ingkang sedeng tukul.[5]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |