Kluwung, kuwung, wangkawa utawa éndracapa (tegesé: gendhéwané Bathara Éndra) iku pratanda optik lan météorologi wujud cahya manéka warna jinèjèr mlengkung ing langit utawa papan liyané. Ing langit, kluwung katon kaya gandéwa cahya kang pucuké ngarah ing horizon nalika udan riwis-riwis. Kluwung uga bisa katon ing sacedhaké grojogan.

Thumb
Kluwung (kluwung) kang mudun ing sagara Kanada

Racaké udan anané ing wektu soré, saéngga kluwung katon ing sisih wétan. Déné menawa ésuk, kluwung katon ing kulon, diarani téja.

Dumadi

Cahya srengéngé iku cahya polikromatik (kasusun saka manéka warna). Warna putih cahya srengéngé minangka gabungan saka manéka warna kanthi dawa alun (ombakan, glombang) sing rena-rena. Mata manungsa bisa nangkep, paling ora pitung warna sing kagawa déning cahya srengéngé, sing bakal katon saka kluwung, ya iku: abang, jingga, kuning, ijo, biru, nila, lan wungu.

Dawa alun cahya iki mangun pita-pita garis paralèl, saben warna nglebur alus karo warna sisihé. Pita iki karan sepèktrum. Ing sajeroning sepèktrum, garis abang tansah ana ing salah sawijining sisih lan biru sarta wungu ing sisih liyané, lan prakara iki kantentokaké amarga prabédan dawané alun.

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.