![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/6a/Ageha-cho.svg/langjv-640px-Ageha-cho.svg.png&w=640&q=50)
Klan Taira
From Wikipedia, the free encyclopedia
Taira (平, Taira?) ya iku salah siji jeneng kulawarga saka Jepang.[1] Ana ing konteks sajarah Jepang, klan Taira (平氏, Heishi?) utawa Heike (平家, Heike? kulawarga Taira) ya iku sebutan kanggo anggota kulawarga kaisar ing jaman Heian kang ora duwé hak saka tahtane.[1] Dhèwèké dadi warga biyasa lan olèh jeneng kulawarga Taira no Ason (Ason ya iku salah siji gelar ana ing sistem Yakusa no Kabane).[1] Aksara kanji kanggo "Taira" bisa diwaca dadi Hei, ewa déné shi tegesé klan, lan ké tegesé kulawarga.[1] Klan Taira misuwur karo sebutan Heike (kulawarga Taira), amarga Pamaréntah klan Taira didirikake déning sakulawarga Taira no Kiyomori.[1] Sawalike, klan Minamoto (Genji) kasusun saka akèh kulawarga lan percabangan klan, kang ndadèkaké ora minangka istilah "Genke" (kulawarga Minamoto).[1] Padha karo jeneng kulawarga Minamoto (Genji), Taira uga jeneng kulawarga kang diwènèhake kaisar kanggo para puteri lan pangeran dudu putra makutha kang wis didunke statuse dadi warga biyasa.[2] Saliyané iku, jeneng kulawarga Taira sok diwènèhake kanggo putu kaisar lan keturunan sabanjuré, kang ndadèkaké ana ing jaman Heian status jeneng kulawarga Taira dianggep lewih cendhek saka kulawarga Minamoto.[2] Klan Taira duwé 4 percabangan utama[2]:
- Taira Kammu (Kammu Heishi) saka garis keturunan Kaisar Kammu.[2]
- Taira Nimmyō (Nimmyō Heishi) saka garis keturunan Kaisar Nimmyō.[2]
- Taira Montoku (Montoku Heishi) saka garis keturunan Kaisar Montoku.[2]
- Taira Kōkō (Kōkō Heishi) saka garis keturunan Kaisar Kōkō.[2]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/6a/Ageha-cho.svg/220px-Ageha-cho.svg.png)