Kirkuk
From Wikipedia, the free encyclopedia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kirkuk (Arab: كركوك Karkūk, Basa Turki: Kerkük, Kurdhi: کەرکووک Kerkûk; Karkh-Selokh) ya iku sawijining kutha ing Irak lan mujudaké kutha krajané Kagubernuran Kirkuk ing Irak, 238 kilomèter (148 mil) sing dumunung ana pérangan lor kutha Baghdad.[2] Wewengkoné Kirkuk iki nduwé populasi sing manéka warna lan basa sing dituturaké uga rupa-rupa, kawit pirang-piran abad kapungkur. Démografiné Kirkuk ngalami owahan nalika ana urbanisasi Kirkuk ing abad ka-20, sing njalari anané manéka warna golongan ètnis mara menyang Kirkuk.[3] Wong Kurdhi, wong Turkmen, wong Arab lan wong Suryani padha carukan ngenani wewengkon iki, lan padha ndhesek tuntutan bab tanah iki migunakaké crita, lan latar wuri sajarahé kanggo nyengkuyung tuntutané dhéwé-dhéwé.[4] Wong Turkmen ing Irak nganggep Kirkuk minangka kutha krajané Turkmeneli.[5]
Kirkuk كركوك Kerkûk | |
---|---|
Kutha Kirkuk | |
Kirkuk's location in Iraq | |
Koordhinat: 35°28′0″N 44°19′0″E | |
Nagara | Irak |
Kagubernuran | Kirkuk |
Élepasi | 350 m (1,150 ft) |
Cacah warga (2009 Est.)[1] | |
• Gunggung | 850 787 |
Zona wektu | GMT +3 |
Kutha Kirkuk iki dumunung ana ing sakupenge patilasané Kutha Kirkuk, sanané kutha kuna ing Asyur, ya iku Arrapha, saka tengahaning milénium kaping 3 SM,[6] sing prenahé ana ing sacedhaké Kali Khasa. Kutha iki disebutake ing salah sawijining tulisan kuneiform nalika jaman Sumero-Akkadian ing Asyur saka 2400 SM.[7] Wewengkon iki dadi péranganing kakaisaran Akkadian (2335–2154 SM) sing manunggalaké wong Mésopotamia sing nuturaké basa Akkadian lan Sumeria ana sangisoring siji papréntahan. Sawisé kakaisaran iki bubar, wong Gutian sing nyaturaké basa isolat, golongan ras saka Iran Kuna, nguwasani wewengkon iki suwéné sawenèh abad, lan Arrapha didadèkaké kutha krajané, banjur nalikané jaman papréntahan Mésopotamia déning wong Sumeria sasuwéné 2112-2004 SM, wong Gutian iki diusir saka wewengkon kono. Banjur kutha kasebut didunungi akèh-akèhé déning wong Hurrian sing nuturaké basa isolat saka Anatolia wétan. Tumuli, wewengkon iki digabungaké ana sangisoré Kakaisaran Kuna Asyur (2025–1750 SM). Arrapha dadi kutha ing Asyur sing penting nganti bubaré kakaisaran Asyur antarané 615–599 SM. Banjur Arrapha uga dadi salah sawijining pérangan géo-politik ing provinsi Asyur sangisoré manéka warna papréntahan asing. Ing antarané abad ka-2 SM lan ka-3 Masèhi dadi kutha krajané nagara ing Asyur Anyar ya iku Beth Garmai, nuli wewengkon iki diteluk déning kakaisaran Sassanid lan dadi pérangané Assuristan.
Wong Kurdhi[8][9] lan wong Turkmen[10] ngarani kutha iki minangka kutha sana budaya. Kutha iki dijenengi kutha "sana budaya Irak" déning kamentrèn kabudayan Irak ing 2010.[11] Kutha iki saiki akèh-akèhé didunungi déning wong Kurdhi, wong Arabs, wong Turkmen ing Irak, lan wong Asyur.
Sènsus sing miyatani ngenani golongan ètnis sing ana ing Kirkuk titimangsané saka taun 1957. Tapal watesé provinsi Kirkuk diowahi, provinsiné salin jeneng dadi al-Ta'mim lan dhistrik sing akèh didunungi wong Kurdhi didadèkaké pérangané provinsi Erbil lan Sulamaniya.[12]
Étungan sènsus ing Liva (saindhengé kagubernuran) Kirkuk ing 1957[13] | ||
---|---|---|
Golongan ètnis adhédhasar basa asliné | Cacahé | Prèsentase |
Basa Kurdhi | 187,593 | 48.2% |
Basa Arab | 109,620 | 28.2% |
Basa Turkmen | 83,371 | 21.4% |
Basa Suriah | 1,605 | 0.4% |
Basa Ibrani | 123 | 0.03% |
Gunggung | 388,829 |
Étungan sènsus ing City Proper ing Kirkuk taun 1957[13] | ||
---|---|---|
Golongan ètnis adhédhasar basa asliné | Cacahé | Prèsentase |
Basa Turkmen | 45,306 | 37.6% |
Basa Kurdhi | 40,047 | 33.3% |
Basa Arab | 27,127 | 22.5% |
Basa Suriah | 1,509 | 1.3% |
Basa Ibrani | 101 | 0.1% |
Gunggung | 120,402 |
Étungan sènsus ing Kagubernuran Kirkuk[14] | |||||||
Golongan ètnis | 1957 | Prèsentase | 1977 | Prèsentase | 1997 | Prèsentase | |
---|---|---|---|---|---|---|---|
Wong Arabs | 109,620 | 28.2% | 218,755 | 45% | 544,596 | 72% | |
Wong Kurdhi | 187,593 | 48.2% | 184,875 | 38% | 155,861 | 21% | |
Wong Turkmens | 83,371 | 21.4% | 80,347 | 17% | 50,099 | 7% | |
Wong Suryani | 1,605 | 0.4% | |||||
Wong Yahudi | 123 | 0.03% | |||||
Liyané | 6,545 | 1.77% | 0 | 0% | 2,189 | 0.3% | |
Gunggung | 388,829 | 100% | 483,977 | 100% | 752,745 | 100% |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.