From Wikipedia, the free encyclopedia
Ki Ageng Pamanahan utawi Ki Gedhé Pamanahan (? - 1584) miturut Babad Tanah Jawi inggih punika senopati prang saking kraton Pajang saha leluhuripun raja-raja Karajan Mataram Énggal.
Ki Ageng Pamanahan inggih punika putra saking Ki Ageng Ngenis,[1] ngulama ingkang dumunung wonten ing Nglaweyan, inggih wayah saking Ki Ageng Séla,[1] satunggalipun muridipun Sunan Kalijaga. Ing taun 1558, Sultan Hadiwijaya masrahaken Wana Mentaok minangka bebingah kanggé Ki Ageng Pamanahan ingkang sampun mbiyantu mejahi Arya Penangsang kaliyan mbiyantu yasa Pajang. Salajengipun, piyambakipun mbabad wana lajeng ngadegaken kraton ing Kotagedhé.[2]
Ki Ageng Pamanahan séda ing 1584, dipunsarèkakén wonten ing masjid kraton salebetipun témbok kitha.[3] Putranipun Radèn Sutawijaya ingkang jejuluk Mas Ngabèi Loring Pasar nerasaken tahta dados gantosipun ingkang rama. Piyambakipun jumeneng nata kanthi sesebatan énggal Panembahan Sénapati Sayidin Panatagama.[3]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.