From Wikipedia, the free encyclopedia
Karaton Kasepuhan Cirebon inggih punika salah satunggaling karaton ingkang paling kerumat ugi paling manggrong ing Kitha Cirebon.[1] Saben wujud arsitèktur ing karaton punika paling misuwur amargi gadhah aji sujarah.[1] Latar ngajeng karaton dipunkupengi témbok bata abrit kaliyan wonten pendhapa ing salebetipun.[1] Karaton Cirebon ugi gadhah musiyum ingkang cekap jangkep kaliyan isinipun pirantos-pirantos pusaka sarta lukisan kagunganipun karaton.[1] Piranti-prianti punika kados ta pirantos perang, meriem, kaliyan kereta kencana ingkang dipun-ginakaken nalika perang.[2] Kréta punika dipunwastani Kereta Singa Barong, ingkang asesirah gajah ingkang tlalénipun nyepeng trisula (prabawanipun Hindhu), suwiwinipun garuda (prabawa Islam), ugi naga (parabawa Cina).[2] Nanging, wiwit taun 1942, kréta punika boten dipun-ginakaken malih kaliyan namung dipunwedalaken kanggé dipunjamas saben tanggal 1 Syawal.[2] Déné ing musiyum pérangan kidul wonten priasan, piring, ugi pirantos karaton ingkang dipun-ginakaken nalika jamanipun Sunan Gunung Jati.[2]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Karaton Kasepuhan madeg taun 1529 déning Pangeran Mas Mochammad Arifin II, inggih punika buyut saking Sunan Gunung Jati.[3] Pangeran Mas Mochammad Arifin II punika nggantosaken Sunan Gunung jati ing taun 1506.[3] Rumiyin Karaton Kasepuhan Cirebon gadhah nama Karaton Pakungwati, déné Pangeran Mas Mochammad Arifin II gadhah gelar Panembahan Pakungwati I.[4] Nama Pakungwati punika asalipun saking asma Ratu Dewi Pakungwati binti Pangeran Cakrabuana ingkang dhaup kaliyan Sunan Gunung Jati.[4] Putri punika ayu ugi becik budinipun sarta saged dados garwa ingkang setya.[4] Ratu Dewi Pakungwati ugi prigel ing babagan ajaran agami Islam, saged dados pamomongipun nagara, ugi saged ngayomi sarta nresnani rakyatipun.[4] Ing pungkasanipun, ing taun 1549 Ratu Dewi Pakungwati séda ing Masjid Agung Sang Cipta Rasa ing yuswa ingkang sampun sepuh.[4] Masjid Agung Sang Cipta Rasa punika dipunyasa taun 1498 M déning Wali Sanga kanthi dipunpandhégani Sunan Gunung Jati.[5] Pambangunanipun dipunbiyantu arsitèk ingkang namanipun Radèn Sepat saking Majapahit uga dipunbiyantu 200 tiyang (tukang) saking Demak.[5] Saking pangorbananipun punika panjenenganipun dipunmulyakaken déning nasab Sunan Gunung Jati dados nama karaton inggih punika Karaton Pakung wati, ingkang sapunika dados Karaton Kasepuhan Cirebon.[4]
Arsitèktur Karaton Kasepuhan Cirebon inggih punika campuran unsur-unsur budaya Islam, Hindhu, Buda, Kristen, ugi Konfusius (Cina).[6] Punika minangka bukti kurmat dhumateng para leluhur.[6] Nalika ngedegaken Karaton Kasepuhan Cirebon ing taun 1529, Sunan Gunungjati tetep migunakaken unsur tradhisi Hindhu-Buda saking Karajan Padjajaran. Salah satunggalipun inggih punika wontenipun sapasang patung macan awerna pethak ing plataran Kamandhungan.[6] Bebrayan Sunda ngyakini, macan punika wujud reinkarnasi saking Prabu Siliwangi ingkang dados ratu pungkasan ing Padjajaran.[6]
Corak kabudayan Hindhu-Buda ugi kentingal cetha ing kompleks yasan sitihinggil (basa Jawa, siti=lemah, hinggil=inggil (tinggi)) ingkang acorak Candhi Bentar.[6] Arsitekturipun kas jaman Majapahit ugi katingal ing gapuranipun, inggih punika gapura asi ing sisih lèr kaliyan gapura banteng ing sisih kidul.[6] Ing sangandhapipun gapura banteng punika wonten candra sangkala ingkang kaserat kuta bata tibata banteng ingkang manawi dipunwaos saking wingking nedahaken taun 1451 Saka utawi 1529 Masèhi.[6] Dipunkintenaken sitihinggil punika ingkang sapisan dipunyasa sadèrèngipun yasa yasan ingkang sanèsipun.[6]
Ing kabèh pérangan témbok yasan migunakaken material bata abrit ingkang dipuntèmpèli manéka warni keramik Cina jamanipun Dinasti Ming (1364-1644 M) kaliyan keramik Delf saking Walanda.[6] Ing ngajeng sitihinggil wonten méja watu granit, bebungah saking [[Sir Stamford Raffles, sesulih Karajan Inggris ingkang naté dados gubernur Jenderal Jawa (1811-1816).[6] Ing salebetipun sithinggil wonten 5 yasan ingkang bahan utamanipun kayu jati mèmper pendhapa tanpa témbok. Saben yasan punika gadhah aran sarta kagunan ingkang bènten.[6] Yasan utama ingkang mapanipun malang mawi gunggungipun saka (cagak) 20 dipunwastani malang semirang ingkang nedahaken 20 sipatipun Allah. Déné saka guru (cagak utama) gunggungipun enem, ingkang nedahaken rukun iman.[6] Ing panggénan punika sultan mirsani gladhèn kaprajuritan utawi mirsani lampahipun paukuman.[6]
Yasan ing sisih kiwanipun dipunwastani Pandhawa Lima mawi gangsal saka ingkang nedahaken rukun Islam.[6] yasan punika dospa panggénan para panglima perang.[6] Yasan ing sisih tengen yasan utama dipunwastani Semar Tinandu mawi kalih saka ingkang nedahaken kalih ukara syahadat.[6] Yasan punika dados panggénan para penasihat sultan ingkang dipunwastani penghulu.[6] Ing sisih wingkingipun yasan utama wonten Mande Pengiring, inggih punika panggénan ngempalipun para pengiring sultan.[6] Satunggal yasan malih wonten ing sisihipun, inggih punika Mande Karasemen.[6] Yasan punika panggénan kanggé para niyaga.[6] Ngantos sapunika, yasan punika taksih dipun-ginakaken minangka panggénan ngumpetaken gamelan sekatèn nalika Idul Fitri kaliyan Idul Adha.[6]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.