![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/ee/Earth-crust-cutaway-english.svg/langjv-640px-Earth-crust-cutaway-english.svg.png&w=640&q=50)
Kerak bumi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kerak bumi iku lapisan paling njaba planit bumi sing kasusun saka pirang-pirang lèmpèng téktonik. Lapisan iki ana 2 wujudé yaiku kerak/lèmpèng samodra lan lèmpèng bawana. Lèmpèng samodra iku lumrahé luwih tipis tinimbang lèmpèng bawana. Lèmpèng-lèmpèng téktonik iku obah terus, siji lan sijiné padha tetubrukan. Kerak bumi iku lapisan pérangan bumi sing paling dhuwur dhéwé.[1] Pérangan kerak bumi iku subur amarga ngandhut lemah lemèn kang akèh sing gawé tuwuhan thukul subur. Kerak bumi iku adhem lan padhet ngambang ing dhuwur lapisan mantel sing awujud cuwèr awuled.[2]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/ee/Earth-crust-cutaway-english.svg/640px-Earth-crust-cutaway-english.svg.png)
Tumpukan kerak bumi kandelé udakara 5-7 kilomèter saka ngisor samodra lan 30-80 kilomèter ing ngisor dharatan bawana.[3] Ing ngisor kerak bumi ana slubung kang sipaté lembèk. Wates tumpukan kerak bumi karo lapisan slubung tinemu marang èlmuwan saka Nagara Krowasia jenenge Andrija Mohorovicic taun 1909.[3]
Kerak Bumi saged disebut crust. Tumpukan kerak bumi iki kang ana ing pérangan paling jaba kandelé 6-50 kilomèter.[2] Kandelé tumpukan iki ora padha ing panggonan liyané, ing bawana kandel tumpukan 20-50 kilomèter, ing samodra 0-5 kilomèter utawa bebarengan karo banyu kang saka dhuwur udakara 6-12 kilomèter.[2]
Kerak bumi kang kasusun saka matèri-matèri padhet sing akèh silium lan aluminium. Kerak bumi dibagi dadi 2 pérangan, yaiku:
- Lapisan Granitis yaiku lapisan sing kaya watu granit, lapisan iki uga boten ditemuake ing dhasar samodra.[2]
- Lapisan Basaltis yaiku lapisan sing duwé material basalt• [2]
Kerak bumi saged owah saka asalé lan uga bisa dadi bencana alam kanggo makluk hidup. Miturut, kasimpulan para panliti saka tim Géologi Bandung yaiku geseranipun kerak bumi ing Fatuleu uga terus dadi kanyatan. Kanthi mungkinake kadadéan putusan kang gedhé sing bisa dadi wewengkon Kabupatèn Kupang kabelah dadi loro pérangan.[4]