![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/fd/Kediri_Kingdom.svg/langjv-640px-Kediri_Kingdom.svg.png&w=640&q=50)
Kraton Pangjalu
Karajan ing Jawa (1042-1222) / From Wikipedia, the free encyclopedia
Karajan Pangjalu utawa kadhang ingaran karajan Kadiri utawa karajan Daha, yaiku sawijining Karajan kang dumunung ing Jawa Wétan watara taun 1042-1222M. Iku pecahan saka karajan Kahuripan saliyané karajan Jenggala. Karajan iki anané ing sisih kidul Jenggala lan ora nduwé garis pasisir. Karajan iki kasil tuwuh dadi karajan kang gedhé, wewengkon pengaruhe nganti ing pasisir-pasisir Kalimantan uga Ternate. Karajan sadulure yaiku Jenggala uga dikuasai yaiku wektu papréntahan ratu Kameswara kang mrentah wiwit taun 1116 M nganti 1136 M liwat perkawinan antara Kameswara kang wektu iku esih dadi putra makutha karo Dewi Kirana putri saka Jenggala.
Pangjalu, Kadiri | ||||||||||
| ||||||||||
![]() Pangjalu lan Janggala, ing tembé nggabung dadi Karajan Kadiri | ||||||||||
Kutha krajan | Daha utawa Kadiri (saiki Kutha Kadhiri) | |||||||||
Basa | Jawa Kuna, Sangskreta | |||||||||
Agama | Kajawèn, Hindhu, Buda, Animisme | |||||||||
Pamaréntahan | Karajan | |||||||||
Raja | ||||||||||
• | 1104–1115 | Jayawarsa | ||||||||
• | 1200–1222 | Kertajaya | ||||||||
Sajarah | ||||||||||
• | Airlangga mecah karajané dadi Pangjalu lan Janggala | 1045 | ||||||||
• | Ken Arok saka Tumapel ngalahaké Kertajaya | 1221 | ||||||||
Valutah | Koin mas lan pérak lokal | |||||||||
| ||||||||||
Ibukutha karajan Pangjalu iku ing Kutha Daha, kang dumunung ing sakiwa tengene Kutha Kadhiri saiki. Satemene, Kutha Daha wis ana sadurunge Karajan Pangjalu ngadeg. Daha iku singkatan saka tembung Dahanapura, tegese kutha geni. Jeneng iki kasebut ing prasasti Pamwatan kang ditokake dening Prabu Airlangga taun 1042. Perkara iki sagandheng karo warta ing Serat Calon Arang yen, ing pungkasan pamrentahane Airlangga, ibukutha praja wis ora maneh ing Kahuripan, nanging pindah menyang Daha.