Kembang teleng
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kembang teleng (Clitoria ternatea) iku tetuwuhan ngrambat sing biyasa tinemu ing pekarangan utawa pinggir alas. Tuwuhan anggota suku polong-polongan iki asal saka Asia tropis, nanging saiki wis sumebar ing kabèh tlatah tropis.
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Jeneng binomial ...
Kembang teleng | |
---|---|
Kembang teleng (Clitoria ternatea) | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Fabales |
Famili: | Fabaceae |
Subfamili: | Faboideae |
Tribe: | Cicereae |
Génus: | Clitoria |
Spésies: | C. ternatea |
Jeneng binomial | |
Clitoria ternatea L. | |
Tutup
Wiwit jaman biyèn tuwuhan iki ditandur ing pekarangan minangka pethètan amarga kembangé sing awarna biru padhang. Kembangé ing sawatara panggonan ing Asia Tenggara kanggo bahan mènèhiu warna kanggo panganan utawa jajanan. Ing Malaysia, ekstrak makutha kembangé dianggo mènèhi warna ketan. Ing Thailand, minuman penyegar awarna biru saka ekstrak kembang iki dijenengaké nam dok anchan (น้ำดอกอัญขัญ). Ana uga varietas kanthi makutha kembang sing awarna putih.