![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/ee/Sankta_Katarina%252C_skulptur_i_Trono_kyrka%252C_STF1923.jpg/640px-Sankta_Katarina%252C_skulptur_i_Trono_kyrka%252C_STF1923.jpg&w=640&q=50)
Katarina saking Swedia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Katarina saking Swèdhen (1331-1381) punika satunggiling pamimpin biara mirunggan pawèstri ing Swèdhen.[2] Katarina punika putri angka sekawan saking wolu sadhèrèk.[2] Bapanipun punika Ulf saking Godmarsson lan ibunipun punika Santa Brigidia.[2][3] Katarina palakrami kaliyan Eggard Lydersson ingkang gadhah badan cacat.[2] Piyambakipun kathi setya ngrawat garwanipun puniku.[2] Nalika ibunipun nindakaken lelampahan dhumateng Roma lan Yerusalem nalika taun 1349 lan salajengipun, piyambakipun tumut ugi.[2] Sasampunipun wangsul malih dhumateng Swèdhen, panjenenganipun ngrawat garwanipun malih dumugi garwanipun tilar donya.[2] Wiwit wekdal puniku, piyambakipun langkung asring tumut aktivitas kaagaman ibunipun, khususipun ing biara mirunggan pawèstri ingkang dipundegaken déning ibunipun.[2] Ing tembé wingking, Katarina nggantosaken ibunipun minangka abbas (pamimpin biara) lan dados salah satunggil tokoh wigatos ing salebetipun sajarah Ordo Brigidia.[2][3]
Santa Katarina saking Swèdhen | |
---|---|
![]() Santa Katarina ing Gréja Tuwa Trönö | |
Miyos | 1331 utawi 1332[1] |
Tilar donya | 24 Maret 1381 |
Dipun urmati ing | Gréja Katulik Roma |
Dinten pèngetan | 24 Maret |
Pangreksa | santa pangreksa ingkang ngreksa nglawan aborsi lan keguguran |
![]() |