Kapuloan Nusa Tenggara utawa Kapuloan Sunda Kecil (saiki kadhangkala dianggo sajeroning peta-peta géografis donya), iku gugusan pulo-pulo ing sisih wétan Pulo Jawa, wiwit saka Pulo Bali ing sisih kulon, nganti Pulo Timor ing sisih wétan. Pulo Wetar sing dadi péranganing wewengkon Provinsi Maluku kanthi geologis uga kalebu sajeroning kapuloan Nusa Tenggara.

Aksara Latin
     
Sunyata Rikat Geography, Location ...
Nusa Tenggara
Geography
LocationAsia Tenggara
Coordinates9°00′S 120°00′E
ArchipelagoKapuloan Sunda
Administration
Indonésia
Tutup

Sacara administratif, Kapuloan Nusa Tenggara kalebu wewengkon nagara Indonésia, kajaba pérangan wétan Pulo Timor kalebu wewengkon nagara Timor Leste.

Ing wiwitan kamardikan Indonésia, kapuloan iki minangka wewengkon Provinsi Sunda Kecil banjur ganti nama dadi Provinsi Nusa Tenggara ing taun 1954, sing kutha krajané ing Singaraja. Ing taun 1975, tlatah pucuk wétan Kapuloan Nusa Tenggara ing pérangan wétan Pulo Timor digabungaké menyang Indonésia dadi Provinsi Timor Timur nganti mardika manèh ing taun 2002. Kapuloan iki saiki dumadi saka 3 provinsi. ya iku: Bali, Nusa Tenggara Kulon, lan Nusa Tenggara Wétan, sarta 13 dhistriké Timor Lésté.

Ètimologi

Ing taun 1950-an Mantri Pendhidhikan lan Kabudayan Moh. Yamin njenengaké Kapuloan Sunda Kecil dadi Kapuloan Nusa Tenggara sing tegesé "Nusa" (pulo, kapuloan) sing dumunung ing tenggara Indonésia.[1]. Saiki jeneng "Nusa Tenggara" dipigunakaké déning rong laladan administratif: Provinsi Nusa Tenggara Kulon lan Nusa Tenggara Wétan.

Pulo-pulo utama

Bali

Nusa Tenggara Kulon

Nusa Tenggara Wétan

Uga delengen

  • Pratélan pulo-pulo Indonésia
  • Kapuloan Sunda Besar

Rujukan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.