Kapuloan Andaman lan Nikobar
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Infobox State IN
Kapuloan Andaman lan Nikobar (Inggris: Andaman and Nicobar Islands, dipuncekak A & N Islands utawi ANI) punika satunggaling Wewengkon Persatuan ing India.[1] Kepuloan Andaman lan Nikobar dumunung ing Samodra Hindia, kapuloan punika kapèrang saking kalih golongan ingkang utami Kapuloan Andaman lan Kapuloan Nikobar.[1] Kalih golongan punika dipunpisahaken déning 10° LU paralel, kapuloan Andaman membentang dhateng ngétan garis ujur punika, lan kapuloan Nikobar dhateng ngidul.[1] Punjeripun (pusat) teritori punika inggih punika ing Kutha Port Blair ingkang wonten ing Andaman.[1] Adhedhasar cacah sirah pungkasan ing wonten taun 2001, wewengkon persatuan punika gadhah 356.152 jiwa kang ndunungi.[2] Jembaripun wewengkon dharatan Kapuloan Andaman lan Nikobar antawisipun 8.249 km².[1]