Kali Brahmaputra,[1] uga diarani Tsangpo-Brahmaputra, iku sawijining kali lintas-wates lan salah siji saka kali-kali utama ing Asia.

Thumb
Peta Brahmaputra
Thumb
Kali Yarlung Tsangpo ing Tibet.
Thumb
Brahmaputra
Thumb
Panorama Brahmaputra saka cedhak Sukleswar ghat ing Guwahati.

Saka asal sumberé ing Tibet kidul-kulon minangka Kali Yarlung Tsangpo, kali iki mili ngliwati Tibet kidul nembus pagunungan Himalaya ing sawijiné jurang gedhé lan lumebu menyang tlatahArunachal Pradesh lan ing kana sinebut Kali Dihang.[2] Kali iki sabanjuré mili tumuju kidul-kulon ngliwati Lembah Assam banjur sinebut Brahmaputra lan terus mangidul ngliwati Bangladesh (ing kana diarani Jamuna). Ing tlatah iki Kali Brahmaputa nggabung karo Gangga lan ndadèkaké sawijining dhèlta kang gedhé. Watara 1,800 mi (2,900 km) dawané, kali iki minangka sumber wigati tumrap irigasi lan transportasi. Ing pérangan ndhuwur suwé ora dikawruhi, lan anané karo Kali Yarlung Tsangpo lagi diweruhi liwat eksplorasi ing taun 1884-86. Kali iki kerep sinebut Kali Tsangpo-Brahmaputra.

Sanajan akèh kali-kali ing India lan Bangladesh nduwé jeneng wanita, kali iki duwé jeneng lanang kang langka, kang tegesé "putra Brahma" ing basa Sanskreta.

Mèh sadawaning Kali Brahmaputra iku bisa dilayari. Ing pérangan ngisor dianggep suci déning masarakat Hindhu. Kali iki nduwé potènsi banjir gedhé ing mangsa semi nalika salju ing pagunungan Himalaya salju lèlèh dadi banyu. Kali iki uga salah siji saka sethithik kali ing donya kang duwé "ombak pasang".

Cathetan lan referensi

Wacan terusan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.