Kali Amu Darya
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kali Amu Darya- Amudarya (Basa Tajik: Омударё or дарёи Ому-Omudaryo or daryoi Omu; Pèrsi: آمودریا-Âmudaryâ; Basa Uzbèk: Amudaryo, karo darya (Pahlavi) tegesé sagara utawa kali kang gedhé banget), iku sawijining kali kang paling dawa ing Asia Tengah.
Kali Amu Darya | |
---|---|
Kapernah | |
Kahanan fisik | |
Pungkasané | Sagara Aral |
Dawané | 2,400 km (1,500 mi) |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Amu Darya. |
Amu iku asalé saka kutha Āmul, saiki dikenal minangka Türkmenabat. Kali iki kawangun déning patemon antara kali-kali Vakhsh lan Panj. Akèh sing ndunungi kana kang ngarani kali iki Jayhoun (جيحون), minangka tembung serapan saka Gihon, jeneng ing Alkitab tumrap salah siji saka papat kali kang ana ing swarga.[1] Kali iki uga dimangertèni kanthi jeneng iki (Amu) déning para panulis Islam jaman abad tengahan.
Kali iki bisa dilayari punjul 1450 km (800 mil). Dawaning kali iki 2400 km (1500 mil) lan tlatah ilèn kali jembaré 534.739 km², minangka pambuawangan banyu saka tlatah iku nganti watara 55 km3 sataun, ya iku banyu kang asalé saka gunung-gunung ing sisih kidul kang duwé curah udan taunan punjul 1000 mm.