Kakaisaran Bizantin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kakaisaran Byzantium' utawi Kakaisaran Romawi Wétan (Éjaan liya: Bizantin, Byzantin, Byzantine, Bizantium) ya iku wewengkon wétané Kamaharajan Romawi ingkang mligine nganggo berbasa Yunani[1] ing Abad Kuno lan Pertengahan. Warga lan tangga cedhaké Kamaharajan Romawi Wétan mènèhi jeneng nagara iki kanthi asma Kamaharajan Romawi, utawa Romania (Yunani: Ῥωμανία, Rōmanía). Kamaharajan iki musaté ing Konstantinopèl, lan dikuasani déning kaisar-kaisar panggantiné kaisar Romawi kuna sawisé lèngsèré Kamaharajan Romawi Kulon. Boten wonten konsensus ngenani tanggal wiwité kalamangsa Romawi Wétan. Pérangan wong nyebat manawi mangsa kekuasaan Diokletianus (284-305) sebab reformasi-reformasi papréntahan ingkang ditepangake marang dhèwèké, mbagi nagara mau dadi pars Orientis lan pars Occidentis.[2] Pihak liyané nyebat mangsa kekuasaan Theodosius I (379-395), utawa sawisé kematiané ing taun 395, wektu kamaharajan kepecah dadi pérangan Wétan lan Kulon. Wonten uga ingkang nyebat taun 476, ya iku wektu Roma dijajah kaping telu ing saabad ingkang mertandhakaken lèngsèré Kulon (Latin), lan ngakibatkaké kaisar ing Wétan (Yunani) pikantuk kekuasaan tunggal.[3] Upama makaten, titik ingkang wigati ing sajarah Romawi Wétan ya iku wektu Konstantinus ingkang Agung mindhah kutha krajan saka Nikomedia (ing Anatolia) menyang Byzantium (ingang arep dadi Konstantinopèl) ing taun 330.
Kamaharajan Romawi Bizantin | ||||||||||
Ῥωμανία Rhōmanía Romania Austria | ||||||||||
Kamaharajan | ||||||||||
| ||||||||||
Perkembangan wewengkon Kamaharajan | ||||||||||
Kutha krajan | Konstantinopèl | |||||||||
Basa | Yunani, Latin | |||||||||
Agama | Paganisme Romawi nganti taun 391, Ortodoks Wétan ditoléransi sawisé Edictum Mediolanense taun 313, lan dadi agama nagara sawisé taun 380 | |||||||||
Pamaréntahan | Otokrasi | |||||||||
Kaisar | ||||||||||
• | 306–337 | Konstantinus ingkang Agung | ||||||||
• | 1449–1453 | Konstantinus XI | ||||||||
Bebadan lègislatif | Senat | |||||||||
Jaman sajarah | Abad Kuno-Akhir Abad Pertengahan | |||||||||
• | Diokletianus mecah papréntahan kamaharajan antarané kulon lan étan | 285 | ||||||||
• | Pendirian Konstantinopèl | 11 Mèi 330 | ||||||||
• | Penjatuhan Romulus Augustulus, Kaisar Romawi Kulon | 476 | ||||||||
• | Skisma Wétan-Kulon | 1054 | ||||||||
• | Lèngsèré Konstantinopèl menyang Wadya Salib | 1204 | ||||||||
• | Penaklukan manèh Konstantinopèl | 1261 | ||||||||
• | Lèngsèré Konstantinopèl | 29 Mèi 1453 | ||||||||
• | Lèngsèré Trebizond | 1461 | ||||||||
Cacah wong | ||||||||||
• | Étungan Abad kaping 4 | 34,000,000 | ||||||||
• | Abad kaping 8 (780 AD) est. | 7,000,000 | ||||||||
• | Abad kaping 11 (1025 AD) est. | 12,000,000 | ||||||||
• | Abad kaping 12 (1143 AD) est. | 10,000,000 | ||||||||
• | Abad kaping 13 (1281 AD) est. | 5,000,000 | ||||||||
Valutah | Solidus, Hiperpiron | |||||||||
| ||||||||||
Saiki dadi péranganing | Albania Aljazair Armenia Bosnia dan Herzegovina Bulgaria Georgia Gibraltar Israèl Itali Kroasia Lebanon Libya Malta Mesir Montenegro Prancis Cithakan:Country data Républik Makedonia Rumeni San Marino Serbia Siprus Slowén Spanyol Suriah Tunisia Turki Ukraina Vatikan Yordania Yunani | |||||||||
Warning: Value specified for "continent" does not comply |
Negera punika madek kirang luwih sampun ewunan taun. Sajeroning anané, Romawi Wétan, dumadi kekiyatan ékonomi, budaya, lan militèr ingkang rosa ing Éropa, sandyan terus ngalami kamunduran, mligi ing mangsa Paperangan Romawi-Pèrsi lan Romawi Wétan-Arab. Kamaharajan iki direstorasi ing mangsa Dinasti Makedonia, bangkit dadi kekiyatan gedhé ing Mediterania Wétan ing pungkasan abad kaping 10, lan bisa nyaingi Kekhalifahan Fatimiyah. Sawisé taun 1071, sapérangan gedhé Asia Cilik direbut déning Turki Seljuk. Restorasi Komnenos kasil ngiyataken dominasi ing abad kaping 12, nanging sawisé sedanipun Andronikos I Komnenos Lan paripurnané Dinasti Komnenos ing pungkasan abad kaping 12, kamaharajan ngalami kamunduran manèh. Romawi Wétan saya kagoncang ing mangsa Perang Salib Kapapat taun 1204, wektu kamaharajan iki dibubaraké mawi peksa lan dipisah dadi nagara-nagara Yunani lan Latin ingkang satru. Kamaharajan kasil didekné malih ing taun 1261 ning ngisoré pimpinan kaisar-kaisar Palaiologos, nanging perang sadulur ing abad kaping 14 terus nglemesaké kekiyatan kamaharajan. Turahan wewengkone dicaplok déning Kesultanan Utsmaniyah ing Paperangan Romawi Wétan-Utsmaniyah. Pungkasané, Konstantinopel ksil direbut déning Utsmaniyah ing tanggal 29 Mèi 1453, pratandha paripurnané Kamaharajan Romawi Wétan.