Kaféin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Chembox LD50
Kafeina | |
---|---|
1,3,7-trimetil-1H-purina-2,6(3H,7H)-dion | |
Jeneng liya 1,3,7-trimetilksantina, trimetilksantina, teina, metilteobromina | |
Identifikasi | |
Nomor CAS | [58-08-2] |
Nomer RTECS | EV6475000 |
SMILES | C[n]1cnc2N(C)C(=O)N(C)C(=O)c12 |
Sifat | |
Rumus molekul | C8H10N4O2 |
Massa molar | 194,19 g·mol−1 |
Panampilan | bubuk putih tidak berbau |
Densitas | 1,2 g·cm−3, padat |
Titik leleh |
227-228 °C (anhidrat) 234-235 °C (monohidrat) |
Titik umob |
178 °C (menyublim) |
Kelarutan dalam air | 22 mg·mL−1 (25 °C)180 mg·mL−1 (80 °C)670 mg·mL−1 (100 °C) |
Kaasaman (pKa) | −0,13 – 1,22[1] |
Momen dipol | 3,64 D (terhitung) |
Bahaya | |
MSDS | External MSDS |
Bebaya utama | Berakibat fatal apabila terhirup, tertelanataupun terserap melalui kulit. |
NFPA 704 | |
Titik murub | N/A |
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa) |
Kaféina[2][3], utawa luwih kawentar kanthi jeneng kaféin, yaiku senyawa alkaloid xantina wujud kristal lan rasané pahit kang digunakaké minangka obat perangsang psikoaktif lan diuretik ènthèng[4]. Kafeina tinemu déning kimiawan Jerman, Friedrich Ferdinand Runge, nalika taun 1819. Dèwèké gawé istilah "kaffein" kanggo ngrujuk marang senyawa kimia ing kopi.[5] Kafeina uga karan guaranina nalika katemokake ing guarana, mateina nalika katemokake ing mate, lan teina nalika katemokake ing teh. Kabèh istilah kaebut padha-pagha ngrujuk marang senyawa kimia kang padha.
Kafeina ditemoni kanthi alami ing bahan pangan kaya wiji kopi, godhong teh, buah kola, guarana, lan maté. Ing wit-witan, dhèwèké berperan minangka pestisida alami kang nglumpuhake lan matèni gegremet-gegremet katentu kang mangan wit-witan mau. Dhèwèké lumrahé dikonsumsi déning manungsa mengekstraksi saka wiji kopi lan godhong teh.
Kafeina wujud obat perangsang sistem pusat saraf ing manungsa lan bisa ngilangi rasa ngantuk kanthi sewentara. ombenan kang ngandut kafeina, kaya kopi, teh, lan ombenan entheng, disenengi banget. Kafeina wujud zat psikoaktif kang paling akèh dikonsumsi ing donya. ora kaya zat psikoaktif liyané, kafeina legal lan ora diatur déning hukum ing kbeh yuridiksi donya. Ing Amérika Utara, 90% wong diwasa ngombé kafeina saben dina.[6]