kabupatèn ing Jawa Tengah, Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Kabupatèn Pemalang (Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦥꦼꦩꦭꦁ) iku kabupatèn kang ana ing Provinsi Jawa Tengah.[1] Adohé kira-kira 135 km mengulon saka Semarang.[1] Kabupatèn iki wewatesan karo Sagara Jawa ing sisih lor, Kabupatèn Pekalongan ing sisih wétan, Kabupatèn Purbalingga ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Tegal ing sisih kulon.
Lambang {{{nama}}} Moto: Indah, Komunikatif, Hijau, Lancar, Aman, Sehat (IKHLAS)
| |
{{{peta}}} Peta lokasi {{{nama}}} di Jawa Tengah Koordinat: - | |
Propinsi | Jawa Tengah |
Tanggal peresmian | - |
Pamaréntahan | |
- DAU | Rp. 330.900.000.000 |
Luas | {{{luas}}} |
Gunggung cacah jiwa | |
- Total | {{{penduduk}}} |
- Kepadatan | {{{kepadatan}}} |
Démografi | |
- Kode area telepon | 0284 |
Pembagian administratif | |
Simbol khas daerah | |
Situs web | http://www.pemalangkab.go.id/ |
Kabupatèn Pemalang iki jembaré ana 111.530 Ha lan dibagi 14 Kecamatan. Kecamatan sing paling jembar yaiku Kecamatan Bantarbolang, jembaré 139,19 km2 lan kecamatan sing paling cilik jembaré 26,31 km2 yaiku Kecamatan Warungpring.
Cacahé warga Kabupaten Pemalang rikala taun 2013 yaiku : 1.279.596 wong. Urutan paling dhuwur yaiku saka Kecamatan Pemalang cacahé 175.994 wong, Kecamatan Taman cacahé 160.277 wong mawa Kecamatan Petarukan ana 145.250 wong. Kecamatan Warungpring, Bodeh lan Pulosari yaiku telung kecamatan kang urutan ngisor paling sethithik, yaiku para warga Kecamatan Warungpring cacahé 38.401 wong, Kecamatan Bodeh saakeh 53,912 wong lan Kecamatan Pulosari 55.253 wong.
Laju tuwuhan para warga Kabupatèn Pemalang saben taun sajroné sapuluh taun paling akhir yaiku saka taun 2000-2010 kurang luwih 0,004 persen. Laju tuwuhan iki kalebu cendhèk yèn dibandingna karo laju tuwuhan taun 1990-2000 sing gedhéné 1,28 persen, artiné ana pamudhunan laju tuwuhan para warga sing cukup signifikan. Iki bisa diartekné menawa program pamaréntah Kabupatèn Pemalang nyakaké laju tuwuhan para warga ana kasilé.[2]
Anané Pemalang ing abad XVI bisa digayutaké karo cathetan Rijkloff van Goens lan dhata ing buku W. Fruin-Mees sing njlèntrèhaké manawa ing taun 1575 Pemalang iku dadi salah siji saka 14 laladan kang mardika ing Pulo Jawa, sing dipanggedhèni déning pangéran utawa ratu. Ing perkembangané, Sénopati lan Panembahan Sedo Krapyak saka Mataram nelukaké laladan-laladan kasébut, ing antarané Pemalang. Wiwit iku Pemalang dadi laladan vasal Mataram sing dipréntah déning pangéran utawa ratu vasal.[1]
Pemalang lan Kendhal ing mangsa sadurungé abad XVII iku laladan sing luwih wigati tinimbang Tegal, Pekalongan lan Semarang. Amarga saka iku dalan gedhé sing ngubungaké laladan pasisir lor karo laladan pedalaman Jawa Tengah (Mataram) sing ngliwati Pemalang lan Wiradésa dianggep dalan tuwa dhéwé sing ngubungaké rong kawasan mau.
Populasi sing ndunungi minangka pemukiman ing padésan sing wis tumata muncul ing kalamangsa abad wiwitan Masehi nganti abad XIV lan XV, lan sabanjuré tuwuh ngrembaka ing abad XVI, yaiku ing ing sajeroning mangsa perkembangan Islam ing Jawa sangisoré Krajan Demak, Cirebon lan Mataram.
Kabupatèn Pemalang wewatesan:
ing sisih lor karo: | Sagara Jawa |
ing sisih kidul karo: | Kabupatèn Purbalingga |
ing sisih kulon karo: | Kabupatèn Tegal |
ing sisih wétan karo: | Kabupatèn Pekalongan |
Kabupatèn Pemalang dibagi dadi 14 kacamatan,[1] lan dibagi manèh dadi pirang-pirang désa lan kalurahan. Pusat pemerintahané ing Kacamatan Pemalang.
Kejaba Pemalang, kutha-kutha kacamatan liyané sing cukup signifikan perkembanganané yaiku Comal, Petarukan, Ulujami, Randudongkal lan Moga.
Kacamatan ing Kabupatèn Pemalang yaiku:
Kabupatèn Pemalang akèhé saka suku Jawa. Ing sisih kulon lan kidul, pendunungé ngomongé nganggo basa Jawa dhialèk Tegal lan Banyumas, ing sisih wétan kaya ing Petarukan, Comal, Ulujami, Ampelgading lan Bodeh nganggo basa Jawa dhialèk Pekalongan.
Panganan kas saka Pemalang yaiku grombyang, lonthong dhekem, kamir, lan apem Comal.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.