Kabupatèn Kadhiri
kabupatèn ing Jawa Wétan, Indonésia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kabupatèn Kadhiri, (Basa Indonésia: Kediri, (Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦏꦼꦣꦶꦫꦶ, Pegon: كابوڤاتين قديري), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, Indonésia. Pare iku kutha krajané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1368.05 km². Kabupatèn Kadhiri minangka lokasi punjer krajan wigati Nusantara ing wiwitan milenium kapindho, Krajan Kadhiri. Ing mangsa kejayaané, ya iku nalika ana ing sangisoré papréntahan Raja Jayabaya, prabawané nganti tekan Ternaté. Situs Tondowongso, sing tinemu taun 2007, nuduhaké yang ing panggonan iki dunungé punjer papréntahan krajan iki.
Kadhiri كابوڤاتين قديري ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦏꦼꦣꦶꦫꦶ | ||
---|---|---|
Kabupatèn | ||
| ||
Sesanti: Canda Bhirawa ꦕꦤ꧀ꦢꦨꦶꦫꦮ | ||
![]() Pernahé Kadhiri ing Jawa Wétan | ||
Nagara | Indonésia | |
Provinsi | Jawa Wétan | |
Dina Dadi | 25 Maret 804 | |
Kutha krajan | Pare | |
Pamaréntahan | ||
• Bupati | Hj. Haryanti Sutrisno | |
• Wakil Bupati | Drs. H. Masykuri Ikhsan, M.M. | |
Laladan | ||
• Gunggung | 1,368,05 km2 (0,52.821 sq mi) | |
Cacah warga (Sènsus 2015) | ||
• Gunggung | 1,546,883 | |
• Pepadhet | 1,1/km2 (2,9/sq mi) | |
Bebrayan | ||
• Wong | Jawa, Madura, Arab, Cina dll. | |
• Basa | Jawa, Madura lan Indonesia | |
• Kepercayan | Islam 93.62% Kristen Protestan 2.68% % Hindu 2.56% Katulik 1.03 Buddha 0.11% | |
Zona wektu | WIK (UTC+7) | |
Kodhe laladan | (+62) 354 | |
Plat montor | AG | |
Situs wèb | www (ing basa Indonésia) |
Kabupatèn Kadhiri duwé sawatara papan wisata, antarané Gunung Kelud ing Wates, Guwa Maria Pohsarang ing Semen, Candhi Tegowangi ing Paré lan uga petilasan Sri Aji Jayabaya ing Désa Menang, Kacamatan Pagu sing biyèn dadi papan muksané raga Raja Jayabaya lan sing kari mung sandhangané.