Julia Child
From Wikipedia, the free encyclopedia
Julia Child (lair ing Pasadena, California, Amérikah Sarékat, 15 Agustus 1912 – pati 13 Agustus 2004 ing umur 91 taun)[1] iku salah sijiné koki, penulis lan pengisi acara tivi kang asalé saka nagara Amérikah Sarékat.[1] Julia Child ngenalaké masakan Prancis lan teknik masak karo akèh wong ing Amérika.[1] Julia Child ngenalaké iki kabéh lumantar buku masaké.[1] Buku masak iki wiwit digawé nalika taun 1961.[1] Buku iki judhule Mastering the Art of French Cooking.[1] Saliyané iku, Julia Child uga ngenalaké cara masak iki lumantar acara tivi kang judhulé The French Chef kang wiwit disiyaraké nalika taun 1963.[1] Bapake Julia Child jenenge John McWilliams.[2] Bapaké Juli Child iki salah sijiné investor ing California real estate.[2] Ibune Julia Child ya iku Julia Carolyn Weston, kerja ing prusahaan kertas.[2] Julia Child iku dadi salah sijiné ratu masak ing Amérika.[2] Nalika ing Paris, Julia Child ketemu karo wong wedok loro kang jenengé Simca Beck lan Louisette Bertholle.[2] Wong telu iki banjur duwé kolaborasi lan nulis buku masakan Perancis lan Amérika.[2]
Julia Child | ||||||
---|---|---|---|---|---|---|
1988 portrait of Julia Child by Elsa Dorfman | ||||||
Miyos | 15 Agustus 1912 Pasadena, California, Amérikah Sarékat | |||||
Séda | 13 Agustus 2004(2004-08-13) (umur 91) | |||||
Sisihan | Paul Cushing Child (1946–1994) (suaminya meninggal) | |||||
|