Johnny Depp
From Wikipedia, the free encyclopedia
Johnny Depp (lair ing Owensboro, Kentucky, Amérikah Sarékat, 9 Juni 1963; umur 61 taun jeneng laire John Christopher Depp II) ya iku aktor saka Amérikah Sarékat kang dadi nominasi ning Academy Award, Dhèwèké kondhang amarga pinter meranake karakter kang béda-béda, Dhèwèké katurunan Indian Cherokee.[2] Miturut Depp, mbah buyuté iku wanita Cherokee.[2] Depp dikenal pinter anggoné meranaké lakon-lakon ning filem kang diperanaké déning dhèwèké.[3] Johnny tau njalin asmara karo aktris Hollywood kang dadi lawan mainé ning filem EDWARD'S SCISSORHAND.[3] Sawisé gayutané pedhot, dhèwèké karo supermodel Inggris Kate Moss, nanging gayutan iki uga ora suwé.[3] Hubungané kang paling akir ya iku karo penyanyi Vanessa Paradis, lan wus dikaruniai anak loro tanpa nikahan.[3] Sawisé omah-omah bebarengan karo Vanessa, dhèwèké nikah karo Lori Anne Allison kang profesiné dadi make up artis.[3] Bebrayanané ora suwé.[3] Sakloron cerai sawisé nikah telung taun.[3]
Johnny Depp | |
---|---|
Lair | John Christopher Depp II (1963-06-09) Juni 9, 1963 (umur 61) Owensboro, Kentucky, U.S. |
Pakaryan | Actor, screenwriter, director, producer, musician |
Taun aktif | 1984–present |
Bojo | Lori Anne Allison (1983–86) |
Pasangan | Sherilyn Fenn (1985–88) Winona Ryder (1989–93) Kate Moss (1994–98) Vanessa Paradis (1998–present) |
Anak | Lily-Rose Melody Depp (born 1999) John Christopher "Jack" Depp III (born 2002)[1] |