Johann Jacob Bachofen (J.J. Bachofen) (1815-1887) iku ahli hukum lan antropolog Switserlan kang wis akéh nyelidiki sistem hukum bangsa Yunani lan Romawi klasik. Ing ranah ngèlmu antropologi dhéwéke kawentar amarga bukuné Das Mutterrecht taun 1861.[1] Buku kuwi maparké tèori bab tingkat-tingkat évolusi masarakat. Téoriné iku ana déné nalika ing jaman mbiyén banget manungsa ana ing kaanan promiscuitet. Ing kaanan iku manungsa kaya kéwan, lanang wadhon bisa cumbana tanpa ana ikatan kawin. Kulawarga batih durung ana. Sabanjuré timbul rupa urut-urutan adat masarakat kaya déné éksogami, matriakhi, patriakhi, lan tingkat saiki ya iku paréntal.[2] Tingkat-tingkat évolusi iku dienggo déning para ngrasuk aliran évolusi kanggo dalan pikirané. Téoriné iku dadi dhuwé pangribawa kang jembar nganti abad 19 ing ngèlmu-ngèlmu sosial Éropa Kulon. Panemu Bachofen iki dienggo déning G.A. Wilken, antropolog saka Walanda, kanggo neliti anéka warna adat ing Indonésia.[1]

Sunyata Rikat J. J. Bachofen, Lair ...
J. J. Bachofen
Thumb
J. J. Bachofen
Lair22 December 1815
Basel, Switzerland
Pati25 November 1887 (aged 71)
Basel, Switzerland
BangsaSwitserlan
Karièr ngèlmiah
BabaganRoman law, anthropology
Tutup

Rujukan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.