seni bela diri Brasil fokus ing grappling lan gelut lemah kanthi werna ing judo lan jiu-jitsu Jepang From Wikipedia, the free encyclopedia
Jiu-jitsu Brasil (Inggris: Brazillian jiu-jitsu (BJJ)) inggih punika satunggaling béla dhiri ingkang fokus ing adu lanté (ubin) ingkang kawitanipun dipunpopuléraken ing Brasil.[1] Béla dhiri punika kalebet pangembangan saking béla dhiri Kodokan Judo, ingkang dipunrintis déning Mitsuyo Maeda sareng-sareng kulawargi Gracie [2]. Ing jaman samanten, kulawargi Gracie samun kasil mopuléraken béla dhiri ing taraf internasional[2]. Salah satunggaling acara ingkang paling suksès moncèraken lan ngrembakakaken béla dhiri punika inggih punika ing acara tarung tandhing Ultimate Fighting Championship (UFC) ingkang makaping-kaping dipunmenanaken déning Royce Gracie[2].
Jiu Jitsu Brasil | |
---|---|
Pertandhingan Jiu Jitsu Brasil antawisipun Grabriel Vella (nginggil) mengsah Romulo Barral (ngandhap) ing Kejuwaraan Jiu-Jitsu Donya 2009 | |
Nama sanés | BJJ, Brazillian Jiu Jitsu |
Fokus | Pergumulan, Pertarungan ngandhap |
Saking negeri | Jepang Brasil |
Pangripta | Mitsuyo Maeda Carlos Gracie Helio Gracie |
Seni pendahulu | Kodokan Judo, Jujutsu |
Tèknik ingkang dipunsinaoni ing BJJ langkung fokus ing tarung lanté, bantingan, kuncén, lan cekikan.[1] Filosofi ingkang dipuncepeng déning praktisi béla dhiri BJJ punika kados pundi mengsah ingkang langkung alit, langkung ringkih, lan langkung lemot saged ngadhepi mengsah ingkang langkung ageng lan kiyat.[1]
Minangka satunggaling jinis olahraga, Jiu Jitsu Brazil nggandhahi turnamén ingkang dipunlaksanakaken ing manéka tingkatan.[2] Minangka seni tarung, Jiu Jitsu Brazil kathah dipunsinaoni minangka usaha kanggé mbéla dhiri saking tindakan kriminal.[2] Kajawi punika, béla dhiri punika kathah dipunadhopsi déning praktisi béla dhiri campuran (Mixed Martial Arts) utawi kalangan militèr.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.