Jeok ya iku jinis panganan daging panggang (sejinis kebab) kas Koréa kang kang disunduki kaya sate.[1] Sanajan padha karo jinis pangana kang dipanggang kaya ta bulgogi lan galbi, istilah jeok mung kanggo jinis daging kang dipanggang nganggo sundhuk sate, ora tergantung karo jinis daginge.[1][2] Jeok ateges panganan kang dipanggang ing dhuwur geni lan disunduki nganggo sundukan.[1] Cathetan kang wiwitan ngenani jeok ana ing dhokumèn Cina kuna kang nyebutake yèn ing dina istimewa, bangsawan Cina bakal disuguhi masakan jeok déning wong Koréa.[1] Jeok disusun saka kethokan daging, jamur lan janganan kang ditusuk lan dipanggang ing dhuwur geni.[1] Jeok biyasa dinikmati ing dina-dina kusus kaya ta acara perkawinan lan pista ulang taun kaping 60 (hwangap).[1] Variasi jeok ing antarané ya iku sanjeok, hwayangjeok, nureunjeok, kang dibumbui banjur dipanggang lan tusukan.[3][4]

Thumb
Jeok

Uga delengen

Cathatan suku

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.