Jayanagara
From Wikipedia, the free encyclopedia
Jayanagara iku raja Majapahit kaping pindo (1309-1328), putra Radèn Wijaya saka Dara Petak kang asalé saka Karajan Dharmasraya. Dyah Dara Petak iku saka lima sisihané Radèn Wijaya lan mung saka Dyah Dara Petak iki Radèn Wijaya nduwé katurunan putra lanang, mulané Dyah Dara Petak éntu' gelar Stri Tinuheng Pura kang tegesé: sisihan kang dituaké ing pura.
Sunyata Rikat
Jayanagara | ||
---|---|---|
Raja Majapait | ||
Mréntah | Majapait: 1309 - 1328 | |
Nami jangkep | Sri Maharaja Wiralandagopala Sri Sundarapandya Déwa Adhiswara | |
Tilar donya | 1328 | |
Majapahit | ||
Dipunsarèkaken | Pura Kapopongan, Antawulan (Trowulan) | |
Pendahulu | Raden Wijaya | |
Half-sister | Tribhuwana Wijayatunggadewi | |
Pangganti | Tribhuwana Wijayatunggadewi | |
Dinasti | Dinasti Rajasa |
Tutup
Ing jaman kakuasaan Jayanagara iki kerep kadadéan pemberontakan kang dilakoni déning Sora taun (1311), Nambi taun 1316, uga Kuti taun 1319.