Jantèn ya iku woh jagung kang dipanèn nalika isih pentil lan bonggolé durung atos. Jantèn diundhuh kanggo dimangsak lan racaké rupa osèng-osèng utawa olahan liya kang tanpa duduh. Jantèn uga diarani kobot, putrèn, kuncung, solèng, utrèn, kamplong, posol lan léntré

Thumb
Osèng-osèng jantèn.

Cara prodhuksi

Racaké jantèn kaasilaké saka budidaya jagung kanggo asil sampingan lan mung kanggo diolah lan dipangan wong tani. Nanging uga ana kang nandur jagung kang diajab mung kanggo ngasilaké jantèn.[1] Ana loro cara kanggo ngasilaké jantèn, gumantung saka tujuan nandur jagung. Cara pisanan, menawa nandur jagung pancèn mung kanggo ngasilaké jantèn, saka wiwitan dipilih variétas kang cocok. Pira-pira variétas bisa dipilih, mligi kang bisa ngasilaké jantèn kang akèh saben wité. Déné menawa kanggo asil sampingan, umumé dipanèn saka tuwuhan jagung biyasa lan dipilih saka pentil jagung kang moner loro saka ndhuwur lan uga ngisor-ngisoré. Déné kang paling ndhuwur tetep diingu nganti tuwa.[2]

Jantèn énggal dipanèn nalika rambut jagung wis lekas njedhul saka klobot utawa pirang-pirang dina sawisé. Woh jagung cepet anggoné gedhé, mula panèn jantèn kudu énggal dileksanakaké menawa wis wayahé. Racaké ukuran jantèn 4.5 to 10 cm (1.8–3.9 in) dawané lan 7 to 17 mm (0.28–0.67 in) gedhéné.[2]

Pigunan

Jantèn kalebu kuluban kang disenengi sadonya.[3] Déné prodhuksiné uga tambah akèh sajroné 10 taun iki.[4]

Klobot saka jantèn uga bisa kanggo pakan rajakaya.[3],[5]

Rujukan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.