![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/58/Sayur_asem_vegetable_soup.jpg/640px-Sayur_asem_vegetable_soup.jpg&w=640&q=50)
Jangan Asem
From Wikipedia, the free encyclopedia
Jangan asem yaiku masakan jinis jangan khas Indonésia. Ana akèh variasi lokal jangan asem kaya ta jangan asem Jakarta (variasi saka wong Betawi ing Jakarta), jangan asem kangkung (variasi kang nggunakaké kangkung), lan jangan asem gerèh.
ꦗꦮ |
![]() |
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/58/Sayur_asem_vegetable_soup.jpg/640px-Sayur_asem_vegetable_soup.jpg)
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d9/BUMBU_SAYUR_ASEM.png/640px-BUMBU_SAYUR_ASEM.png)
Bahan-bahan kang kerep digunakake yaiku kacang brol, gori, mlinjo, blimbing wuluh, labu siam, kacang lanjaran, lan asem jawa. Jagung uga erep ana ing masakan iki.
Rasa masakan kang legi lan asem iki cocog banget yèn didapukake lawuh kaya ta iwak goreng lan lalapan. Masakan iki uga kerep jinejeran karo sambel.
Masakan iki isih kaya tom yam, kang minangka masakan Thailand, sanajan jangan asem luwih nggunakaké janganan-janganan tinimbang panganan sagara.