![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/6e/Jam_Gadang_in_2011.jpg/640px-Jam_Gadang_in_2011.jpg&w=640&q=50)
Jam Gadang
From Wikipedia, the free encyclopedia
Jam Gadang inggih punika sesebatan kanggé satunggalipun menara jam ingkang wonten ing jantungipun Kutha Bukittinggi, Sumatera Kilèn.[1] Jam Gadang punika sebatan ingkang dipunparingaken masarakat Minangkabau dhateng wangunan menara jam punika, amargi panci menara punika gadhah jam gadang, utawi jam ingkang ageng (jam gadang=jam ingkang ageng; gadang tegesipun ageng ing basa Minangkabau).[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/6e/Jam_Gadang_in_2011.jpg/640px-Jam_Gadang_in_2011.jpg)
Saking fénomenalipun wangunan menara jam punika nalika wekdal dipunyasa, saéngga wiwit madhegipun, Jam Gadang sampun dados narik kawigatén saben tiyang ingkang mirsani.[1] Amargi punika, Jam Gadang dipundadosaken satunggalipun panandha utawi markah margi Kutha Bukittinggi lan ugi minangka salah satunggalipun ikon provinsi Sumatrera Kilèn.[1]
Jam Gadang dipundamel ing taun 1926 déning arsiték Yazid Sutan Gigi Ameh.[2] Jam punika dados bebungah saking Ratu Walanda dhateng Rook Maker, controleur (Sekretaris Kutha) Bukittinggi ing wekdal papréntahan Hindhia-Walanda rumiyin.[2]
Menara jam punika sampun makaping-kaping dipunewahi wujudipun ing sisih pupus utawi pucukipun.[2] Wiwitanipun awujud bundheran lan ing nginggilipun wonten patung ayam jago.[2] Nalika njajah Indonésia, Pamarintah Jepang ngewahi wujud punika dados awujud klenthéng.[2] Sasampunipun mardika, wujudipun dipun-gantos malih kanthi ornamén griya adat Minangkabau.[2]