![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/41/Salmon_01_alt.jpg/640px-Salmon_01_alt.jpg&w=640&q=50)
Iwak Salmon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Iwak Salmon punika jinising iwak sagara saking famili Salmonidae. Jinis iwak sanès ingkang satunggali famili kaliyan ulam salmon punika ulam trout. Ingkang béda punika migrasi uriping ulam salmon katandingaken kaliyan iwak trout ingkang netep. Ulam salmon punika netep wonten ing Samodra Atlantik lan Samodra Pasifik.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/41/Salmon_01_alt.jpg/640px-Salmon_01_alt.jpg)
Ulam Salmon (oncorhynchus mykiss) punika gadhah kemampuan renang ingkang rikat. Spesies punika saged tuwuh dumugi 1.220 mm kanthi bobot dumugi 16,3 kg. Ulam punika mirib kaliyan ulam trout sanèsipun kanthi wujuding kepala ingkang radi ageng lan posisi lambé dumugi ing sawingkinging mripat. Ulam salmon punika gadhah warni ingkang warna-warna. Ulam ingkang gesang wonten ing tlaga padatanipun gadhah warni pérak kanthi tambahan warni ijo peteng ing pérangan wingking, wonten ugi ingkang warni biru ing pérangan wingking. Nanging kathahipun ulam punika mliginipun ingkang gesang wonten ing tlatah ingkang dangkal lan ing tlaga gadhah warni wujud lingkungannipun [1].
Kanthi umum, ulam salmon punika saking spesiès anadromous ya iku spésies ingkang migrasi kangé kembang biak. Salmon punika lair wonten toya tawar, migrasi dhateng lautan, lajeng balik malih dhateng toya tawar kanggé reproduksi.